YouVersion Logo
Search Icon

YOKANAN 3

3
Piwulange Gusti Yesus marang Nikodhemus bab lair kapindho
3:1-21
1Ana wong Farisi jenenge Nikodhemus, panggedhene wong Yahudi, 2seba marang ngarsane Gusti Yesus ing wayah bengi, sarta munjuk: “Rabbi, kawula sami sumerep bilih rawuh Panjenengan dados guru punika kautus dening Gusti Allah, amargi boten wonten tiyang ingkang saged nindakaken pratandha kados ingkang Panjenengan tindakaken punika manawi boten tinunggil dening Allah.” 3Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Satemen-temene pututurKu ing kowe: Wong manawa ora kalairake maneh mesthi ora bisa weruh Kratoning Allah.” 4Unjuke Nikodhemus: “Tiyang sampun sepuh makaten anggenipun saged lair kadospundi? Punapa saged lumebet malih dhateng guwa-garbaning biyungipun, lajeng kalairaken malih?” 5Paring wangsulane Gusti Yesus: “Satemen-temene pituturKu ing kowe: Wong manawa ora kalairake saka banyu lan Roh, mesthi ora bisa lumebu marang Kratoning Allah. 6Apa kang lair saka ing daging iku daging lan kang lair saka ing Roh, iku roh. 7Aja gumun, dene Aku pitutur ing kowe: Kowe kudu padha kalairake maneh#3:7 inggih saged kajawekaken: saka ing dhuwur.. 8Menyang ngendi midide angin#3:8 tembung Yunani “pneuma” ateges: roh utawi angin. iku miturut ing sakarepe, lan kowe krungu sumiyute, nanging ora sumurup pinangkane lan parane. Kaya mangkono iku kaanane saben wong kang kalairake saka ing Roh!” 9Nikodhemus munjuk: “Prakawis punika sagedipun kalampahan kadospundi?” 10Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Kowe iku rak dadi gurune wong Israel, dene kok ora ngreti prakara iku? 11Satemen-temene pituturKu ing kowe: Kang padha Dakrembug iku, iya kang padha Daksumurupi sarta kang padha Daksekseni iya kang padha Daktingali, ewadene kowe ora padha nampani ing paseksenKu kabeh. 12Manawa kowe nalika Daktuturi bab kadonyan padha ora ngandel, kapriye bisamu padha ngandel saupama Daktuturana bab kaswargan? 13Ora ana wong siji-sijia kang sumengka menyang ing swarga, kajaba mung Panjenengane kang wus tumurun saka ing swarga, iya iku Putrane Manungsa.
14 # Wi 21:9 Kayadene Nabi Musa anggone manjer rerekan ula ana ing ara-ara-samun, iya mangkono uga Putrane Manungsa anggone pinesthi kapanjer#3:14 ing kayu salib., 15supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane oleh urip langgeng. 16Awitdene Gusti Allah anggone ngasihi marang jagad iku nganti masrahake Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane aja nganti nemu karusakan, nanging nduwenana urip langgeng. 17Sabab Gusti anggone ngutus Kang Putra ngrawuhi jagad iku ora supaya ngadili marang jagad, nanging supaya mitulungi rahayu marang jagad. 18Sing sapa pracaya marang Panjenengane, iku ora bakal diukum, balik sing sapa ora pracaya, iku wus kapatrapan, amarga ora pracaya marang asmane Putraning Allah kang ontang-anting. 19Anadene mungguh paukuman mau mangkene: Sang Padhang iku wus rawuh ing jagad, nanging manungsa padha luwih rumaket marang pepeteng, tinimbang karo pepadhang, amarga panggawe-panggawene ala. 20Sabab sing sapa nindakake piala mesthi sengit lan nyingkur marang pepadhang supaya aja kongsi katon panggawene kang ala iku. 21Balik sapa kang tumindak bener iku marani pepadhang, supaya tetelaa yen panggawene iku mau linakonan ana ing patunggilaning Allah.”
Paseksene Nabi Yokanan bab Gusti Yesus
3:22-36
22Sawuse mangkono Gusti Yesus tindak menyang ing tlatahe tanah Yudea kadherekake para sakabate, banjur kendel ana ing kono karo para sakabate sarta mbaptis. 23Dene Nabi Yokanan anggone mbaptis ana ing Ainon, sacedhake Salim, awit ing kono akeh banyune, wong-wong nuli padha mrono sarta dibaptisi, 24#Mt 14:3; Mk 6:17; Lk 3:19-20awit nalika samana Nabi Yokanan durung kalebokake ing pakunjaran.
25Nalika samana tuwuh bebantahane para sakabate Yokanan karo wong Yahudi bab sesuci. 26Sakabat mau tumuli padha sowan marang ngarsane Nabi Yokanan lan matur: “Rabbi, tiyang ingkang sesarengan kaliyan panjenengan wonten ing sabrangipun benawi Yarden saha ingkang sampun panjenengan sekseni punika inggih mbaptis sarta kapurugan dening tiyang kathah.” 27Nabi Yokanan mangsuli; pangandikane: “Wong ora bisa ndhaku apa-apa manawa ora kapringan saka ing swarga. 28#Yo 1:20Kowe dhewe padha dadi seksiku anggonku duwe pitutur: Aku iki dudu Sang Mesih, mung kautus lumaku dadi cecala ana ing ngarsane. 29Kang nduweni panganten wadon iku panganten lanang, dene mitrane panganten lanang kang ngadeg ing sacedhake lan nilingake, iku bungah banget ngrungokake swarane panganten lanang iku. Iya iku kabungahanku lan kang kaya mangkono iku saiki wus katutugan. 30Panjenengane iku pinasthi saya mundhak, nanging aku iki saya suda.
31Kang rawuhe saka ing ngaluhur iku ngungkuli sakabehe, kang pinangkane saka ing bumi iku iya saka ing bumi, lan calathune iya nganggo basa ing bumi. Kang rawuhe saka ing swarga iku ngungkuli sakabehe. 32Sarta apa kang wus ditingali lan dipiyarsakake iya iku kang disekseni; ewadene ora ana wong siji-sijia kang nampani ing paseksene. 33Sapa kang nampani ing paseksene iku, ngakoni yen Gusti Allah iku sanyata. 34Sabab kang kautus dening Gusti Allah iku kang ndhawuhake pangandikane Gusti Allah, amarga Gusti Allah anggone maringake Rohe tanpa wates. 35#Mt 11:27; Lk 10:22Sang Rama ngasihi marang Sang Putra, sarta wus masrahake samubarang kabeh marang Panjenengane. 36Sing sapa pracaya marang Sang Putra, iya nduweni urip langgeng, nanging sing sapa ora mituhu marang Sang Putra, iku bakal ora weruh ing urip, nanging malah langgeng anggone kataman ing bebenduning Allah.”

Currently Selected:

YOKANAN 3: JAV

Highlight

Share

Copy

None

Want to have your highlights saved across all your devices? Sign up or sign in

YouVersion uses cookies to personalize your experience. By using our website, you accept our use of cookies as described in our Privacy Policy